Monday, January 23, 2012

Lirik Hip-hop - Pacobaning Urip

  Urip ing ndonyo iki pancen kudu rekoso,
opo meneh kahanan saiki ora iso di kiro,
butuh soyo akeh,
bondo soyo kelong,
opo-opo tambah larang,
marai tambah bingung,
direwangi nyambut gawe,
esok awan wengi nganti aku ora kober ngurus awakku iki,
neng kok yo tetep uripku iki iseh nelongso,
pingine aku gek cepet gek ndang iso mulyo.

Tanpo kenal wektu,
anggonku nyambut gawe nganti kurang turu,
abot gaweane,
awak nganti rusak,
sirah nganti mumet,
ben urip kepenak,
tur ora kepepet,
pacobaning urip iki,
tak lakoni kanthi ikhlas karo sregep ndongo ben aku iso cepet mentas,
seko urip sing rekoso,
nglakoni alon-alon waton kelakon,
nganti aku iki iso mulyo.

Ojo sambat karo nasib nek urip iki wis susah,
kudu sregep nyambut gawe,
ben ora gampang pasrah,
senajan bayar sitik nanging ora ngapusi,
jujur lan sabar kui kudu dadi kunci,
ora peduli karo alangan sing tambah akeh,
ati kudu siap nompo ikhlas lan semeleh,
supoyo aku lan sliramu biso bebarengan,
mugi Gusti paring dalan ben kabeh dadi padang.

No comments: